Kecelep

Kecelep
Rois

cara ikan memancing Sampeyan

cara ikan memancing Sampeyan

OpO Yoo

Mengenai Saya

Foto saya
Babon Tenan, Kapan yoo iso narik iwak gede koyo' gini....

Kamis, 22 April 2010

URIP IRO

Sejatining hurip iku hamung sak protelu soko dhowoning hurip iro
Soko sak protelone iku, hamung rong protelon ingkang upayaniro kang iso kaitung tumrap pokok ing ngaurip.
Lamun manungso kelalen anggone anglampahi hurip, kepranan lan lali amargo pikirane kecanthel amung marang penggawean lan kasukan, sejatine urip iro dadi ora ono koyone tumrap Sing menehi Urip iro.

Akeh wong ingkang bingung marang lelakon ing jaman saiki
Pindho langit karo bumi bedane,
Sing sengsoro ora koyo manungso, sing bungah ora koyo manungso
Ibarat mangan sego aking wae ora iso dilakoni, rambute brumbun mergo mikir dioyak –oyak utang uga ora iso dietung.
Nanging sing platarane kebak tunggangan meling-meling cet-cetane, omahe magrong – magrong, lan bibik embane pirang – pirang ugo akeh.
Ono omah dapure mambu gereh sik digoreng nyulek irung, nanging ing kiwane omah, dapure resik amargo mangane tuku ono ing omah makan gedhe.
Ono sing kranjang sampahe kebak bonggol godhong telo pendak ndino, nanging sebelahe omah, kranjang sampahe pendak ndino kebak kerdus wadhah barang-barang toko.

Sejatine, endhi sing salah lan endhi sing bener ?
Nanging, lamun jaman iki wus genep sarate
Yoiku genep kang dadi pratondho marang tekane jaman edan
Ojo sumelang tumrap wong kang rekoso
Amargo, jaman iki wus ngancik marang jaman kang dadi wolak walik.

Sejatine ugo, ajaran poro linuwih wus paring pituduh
Yen sejatine, urip ono ing ngalam ndonyo iku, penjorone kanggo wong sing ditresnani kang gawe urip dan swarganing wong kang diujo sing gawe urip.

Yen hurip iku hamung sak protelu soko dhowoning hurip iro
Lan ngakherat iku sak lawase
Ora patut siro cilik ati lan meri karo wong kang diujo uripe ono ing ngalam ndonyo iki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar